HEADLINNEWS.ID – Kanggo sapa wae sing kepengin urip selaras, ayem tentrem, lan wicaksana. Sesanti iki mujudake warisan kawicaksanan Jawa kang nyimpen piwulang jero babagan cara ngatur rasa lan tumindak ing saben dinten. Magayutan bab kuwi iki ngrembug unen-unen kuna sing isih relevan banget:
“Nek wis ono, sukurono; nek durung teko, entenono; nek wis lungo, lalekno; nek ilang, iklasno.” Biasane rembugan iki lumantar telpon, nanging ana perangan kang peni, krana sertan iki ana kawruh sing perlu dipahami, dihayati, lan paling becik dilakoni.
Apa kuwi sing perlu dimangerteni kadang kabeh, koyo babagan iki.
1. Nek wis ono, sukurono
Yen apa sing dikarepake wis teka utawa wis diduweni, aturi syukur kanthi ati wutuh. Syukur iku ora mung ngucap lisan, nanging nggunakake kanthi becik apa sing wis kaparingake. Aja nganti duwe barang banjur gumedhe utawa nglirwakake panyuwune Gusti.
Nek durung teko, entenono
Yen gegayuhan durung kawujud, tunggunga kanthi sabar – nanging sabar iki dudu pasrah tanpa gawe upaya.
“Tunggu kanthi usaha maksimal,” ujare Prof. Sripuriono. “Upamane kepengin dadi dhokter: kudu sinau tenanan, mlebu sekolah kedokteran kanthi sregep, ora mung ngarep-arep teka wae. Tunggu iku kudu dibarengi karo gawe lan pandonga.”
3. Nek wis lungo, lalekno
Yen wis ana sing lunga, ilang, utawa ora bisa dicekel maneh, laliwa kanthi ati entheng. Aja terus-terusan nyesel utawa ngucap tembung-tembung sing ora becik. Kabeh iku wis dadi kersane Gusti, mula ditampa kanthi ati lega.
4. Nek ilang, iklasno
Iklas iku dudu gampang nampa, nanging yakin manawa apa sing dicopot saka kita iku duwe rencana luwih becik saka Gusti.
“Rezeki iku ora mung dhuwit utawa barang,” jlentrehe maneh. “Sehat, pikiran sing waras, pendidikan sing lancar, lan bisa dadi wong sing migunani iku uga rezeki. Kabeh sing Gusti paringake iku mesthi paling apik miturut kawicaksanane.”
Ing pungkasan rembugan, iki sing wigati kudu dieling-eling, aja nganti duwe anggepan sing ala marang Gusti Allah, apa wae agama sing dianut. Manungsa kudu yakin manawa kabeh kedadeyan wis ana ukara lan rencana. Kaya ukara ing Kitab Suci: “Yen kowe ora gelem matur nuwun, mesthi kowe bakal nemu kasangsaran.”
Kawicaksanan iki kudu dilatih saben dina, digandhengake karo pangerten agama lan laku becik ing urip bebrayan. Kanthi nindakake papat perkara kasebut, ati bakal tentrem, urip bakal selaras, lan kita dadi wong sing wicaksana.(***)
Prof Dr Ir Sri Puryono KS MT
Minongko Guru Besar Universitas Diponegoro, uga paripurna seko Sekretaris Provinsi Jawa Tengah. Saiki madeg mandito dadi mahaguru, ugo mahanani babagan kabudayan Jowo.

